Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 35:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel supaya kutha-kutha kang dadi darbeke, salong kawenehna marang wong Lewi dadia papan panggonane; karomaneh wong Lewi iku iya padha kawenehana lemah panggonan ana ing sakubenge kutha-kutha mau.

3. Kutha-kutha iku dadia duweke minangka papan panggonane, lan lemah pangonan kanggoa kewane lan sakehe ingon-ingone liyane.

4. Tanah pangonan kang sira wenehake marang wong bani Lewi iku, ambane saka baluwarti tekan ing jaba ana sewu asta mubeng.

5. Saka ing sajabane kutha ing sisih wetan sira ngukura rong ewu asta, sisih kidul rong ewu asta, sisih kulon rong ewu asta lan ing sisih lor iya rong ewu asta; dadi kuthane ana ing tengah; iku dadia papan pangonaning kutha-kuthane.

6. Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.

7. Sakehe kutha kang padha kawenehake marang wong bani Lewi iku gunggunge ana kutha patang puluh wolu dalah pangonane.

maca bab lengkap Wilangan 35