Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 32:10-30 Kitab Sutji (JAV)

10. Ing nalika samana bebendune Sang Yehuwah banjur mulad-mulad sarta Panjenengane ngandika klawan sumpah:

11. Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,

12. kajaba mung Kaleb bin Yefune wong Kenas lan Yusak bin Nun, marga sakarone iku padha mbangun turut marang Yehuwah.

13. Kaya mangkono iku njalari mulad-mulading bebendune Pangeran Yehuwah marang Israel, sarta padha digawe nglambrang ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, nganti saenteke wong-wong kang padha nglakoni ala ana ing paningale Sang Yehuwah.

14. Mangka saiki kowe padha madeg nggenteni bapak-bapakmu, sawijining grombolan wong dosa, arep padha muwuhi bentering bebendune Pangeran Yehuwah marang wong Israel iku.

15. Manawa kowe padha nyingkur marang Panjenengane, masthi bakal ditilar luwih suwe ana pasamunan, dadi kowe kang padha njalari rusake bangsa iki kabeh.”

16. Ing kono wong-wong mau tumuli padha nyedhak Nabi Musa sarta matur: “Kula sami badhe damel kandhang-kandhang menda wonten ngriki kangge raja-kaya kula, sarta kitha-kitha kangge anak-anak kula;

17. nanging kula piyambak sami badhe enggal-enggal samekta dedamel lan badhe mlampah wonten ing ngajengipun tiyang Israel, ngantos dumugi ing panggenanipun; dene anak-anak kula badhe sami manggen wonten ing kitha-kitha ingkang santosa, margi saking tiyang bumi ing nagari punika.

18. Kula sami boten badhe wangsul mantuk dhateng griya kula ngantos dumugi saben tiyang Israel sampun nampeni siti pandumanipun,

19. awitdene kula sami boten badhe purun nampeni siti pusaka wonten ing sabranging benawi Yarden ing salajengipun, manawi kula sampun sami angsal panduman wonten ing sawetaning benawi Yarden ngriki.”

20. Pangandikane Nabi Musa marang wong-wong mau: “Manawa kowe padha arep nglakoni mangkono, padha arep samekta ing perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah,

21. lan kowe kabeh, sawuse sikep gegaman banjur padha arep nyabrang ing bengawan Yarden ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, nganti tumeka mungsuhe wus padha katundhung dening Panjenengane saka ing ngarsane,

22. satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

23. Balik manawa kowe padha ora nglakoni kaya mangkono, dadi kowe nyata-nyata padha gawe dosa marang Sang Yehuwah, sarta kowe bakal padha ngrasakake yen dosamu iku masthi bakal nempuh marang kowe.

24. Kang iku iya wus padha gawea kutha-kutha kanggo anak-anakmu lan kandhang-kandhang kanggo wedhusmu, dene apa kang wus kokucapake iku padha lakonana.”

25. Bani Gad lan bani Ruben banjur padha matur marang Nabi Masa: “Ingkang abdi sami badhe nglampahi punapa ingkang dados dhawuh panjenengan.

26. Anak semah kula kaliyan raja-kaya kula saha kewan gadhahan kula sadaya badhe kantun wonten ing ngriki, ing kitha-kithanipun tanah Gilead,

27. nanging ingkang abdi sadaya sami badhe nyabrang lan nglurug perang wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, inggih punika sadaya tiyang ingkang sembada ing perang, netepi punapa sadhawuh panjenengan.”

28. Nabi Musa tumuli ngundhangake bab ing ngatase wong-wong mau marang Imam Eleazar lan marang Yusak bin Nun sarta marang para pemimpining golongane talere Israel.

29. Pangandikane marang wong-wong iku: “Manawa bani Gad lan bani Ruben wus padha melu kowe nyabrang ing bengawan Yarden, prelu nglurug perang ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku kabeh wong kang sikep gegamaning perang, sarta manawa tanah iku wus teluk marang kowe, tanah Gilead iki kudu kokwenehake minangka duweke,

30. nanging manawa padha ora melu kowe nyabrang klawan sikep gegaman, padha kapandumana tanah minangka darbeke ana ing antaramu ana ing tanah Kanaan.”

maca bab lengkap Wilangan 32