Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 31:17-30 Kitab Sutji (JAV)

17. Kang iku sakehe anake lanang wong-wong iku padha patenana, lan sakehe wong wadon kang wus tau awor turu karo wong lanang iya padha patenana;

18. mung sakehe bocah wadon kang durung tau awor turu karo wong lanang iku padha uripana kanggo kowe.

19. Nanging kowe iku padha manggona ana ing sajabane pakemahan lawase pitung dina; sapa kang wus mateni wong lan sapa kang nggepok jisime kang mentas dipateni, iku mbirata najise ing dinane kang katelu, lan ing pitung dinane, kowe dhewe lan para wong bandhanganmu.

20. Karomaneh sarupane sandhangan lan sarupane dandanan lulang sarta sabarang gegawean saka wulu wedhus, apadene sakehe piranti kayu iku kudu kabirat najise.”

21. Imam Eleazar banjur ngandika marang bala kang mentas padha nglurug perang mau: “Iki pranatan kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa:

22. Mung barang-barang mas, salaka, tembaga, wesi, timah putih lan timbel,

23. samubarang kang tahan geni, iku kaobonga, supaya birat najise. Ewadene iya isih prelu kabirat najise sarana banyu pambirating najis; nanging samubarang kang ora bisa tahan ing geni iku celupna ing banyu.

24. Apamaneh kowe padha ngumbaha sandhanganmu ing dinane kang kaping pitu, temah bakal birat najismu, sawuse mangkono kowe padha kena lumebu ing palereban.”

25. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

26. “Sira nacahna sarupaning bandhangan, kang rupa manungsa lan sato-kewan -- iya sira dalah Imam Eleazar lan para pemimpining umat iku;

27. nuli iku kaparoa, kanggo kang padha nglurug perang, lan kanggo wong saumat kabeh;

28. banjur sira njupuka pisungsung kagem Sang Yehuwah saka para prajurit kang padha nglurug perang, saben limang atuse siji, iya saka manungsa, iya saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus.

29. Iku kajupuka saka kang separo kang dadi pandumane, banjur sira tampakna marang Imam Eleazar minangka pisungsung-mligi kagem Pangeran Yehuwah.

30. Dene separone kang dadi pandumane wong Israel, iku kajupuka saben sekete siji, iya saka manungsa, saka sapi, saka kuldi lan saka wedhus; dadi saka sarupane raja-kaya, sarta kabeh iku sira pasrahna marang para wong Lewi kang nglakoni ayahan ing Tarube Suci Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Wilangan 31