Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 28:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. “Ing dina Sabat, wedhus gembel loro kang umur sataun kang tanpa cacad, kakanthenana glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa, kaolah kalawan lenga, minangka kurban dhaharan sarta kabarengna karo kurban unjukan.

10. Iku kurban obaran Sabat ing saben dina Sabat, kajaba kurban obaran ajegan lan kurbane unjukan.

11. Ing saben wiwitane sasinira sira padha nyaosna kurban obaran marang Sang Yehuwah arupa sapi lanang nom loro, wedhus gibas lanang siji, lan wedhus gibas kang tanpa cacad kang umur sataun pitu;

12. lan uga glepung gandum pilihan telung prasepuluh efa kaolah kalawan lenga kanggo sapi lanang siji, minangka kurban dhaharan; wedhuse gibas lanang siji iku kakanthenana glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa kaolah kalawan lenga kanggo kurban dhaharan;

13. sarta wedhuse iku siji-sijine kakanthenana glepung gandum pilihan saprasepuluh efa kaolah kalawan lenga kanggo kurban dhaharan; iku dadi kurban obaran, ganda kang gawe rena, kurban genenan kagem Sang Yehuwah.

14. Dene kurban-kurbane unjukan iku saben sapi siji kakanthenana anggur satengah hin, wedhuse gibas lanang siji anggure sapratelon hin, dene wedhuse nyaprapat hin. Iku kurban obaran saben tanggal sapisan ing saben sasi sajroning sataun.

15. Karomaneh anaa wedhus berok siji kang kaolah minangka kurban pangruwating dosa, konjuk marang Sang Yehuwah kakanthenan kurban unjukan; iku kajaba kurban obaran ajegan.”

16. “Ing sasi kapisan tanggal patbelas iku Paskahe Pangeran Yehuwah,

maca bab lengkap Wilangan 28