Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 28:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. “Ing sasi kapisan tanggal patbelas iku Paskahe Pangeran Yehuwah,

17. lan ing tanggale limalas sasi iku dina riyaya; pitung dina lawase wong padha mangana roti tanpa ragi.

18. Ing dinane kang kapisan sira nganakna pasamuwan suci, sarta sira aja nindakake pagawean kang abot;

19. sarta sira padha nyaosna kurban genenan, iya kurban obaran konjuk marang Sang Yehuwah arupa sapi lanang nom loro, wedhus gibas lanang siji lan wedhus kang umur sataun pitu; kabeh kang tanpa cacad.

20. Minangka kurbane dhaharan glepung gandum pilihan kaolah kalawan lenga, telung prasapuluh efa kanggo sapi siji, lan kanggo wedhus lanang siji rong prasapuluh efa;

21. sarta wedhus kang pitu iku siji-sijine kacawisana saprasapuluh efa.

22. Sabanjure wedhus berok siji minangka kurban pangruwating dosa, kanggo nganakake pirukun tumrap sira.

23. Kajaba kurban obaran esuk, kang klebu kurban obaran ajegan, kabeh iku kudu sira saosake.

24. Kaya mangkono anggonira saben dina padha nyaosake kurban dhaharan awujud kurban genenan kang gandane gawe renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, nganti pitung dina lawase; iku kajaba kurban obaran ajegan lan kurban unjukan.

25. Ing dina kang kapitune sira nganakna pasamuwan suci lan aja nindakake pagawean kang abot.

26. Ing dina wiwitaning panen, samangsa sira padha ngladekake kurban dhaharan anyar marang Pangeran Yehuwah, ing riyaya Pungkasaning Pitung Minggu sira padha nganakna pasamuwan suci, sarta aja nindakake pagawean kang abot.

27. Ing dina iku sira padha nyaosna kurban obaran minangka ganda kang gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah: sapi lanang nom loro, wedhus gibas lanang siji lan wedhus kang umur sataun pitu.

maca bab lengkap Wilangan 28