Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 28:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

2. “Sira ndhawuhana wong Israel sarta sira tuturana: Sira padha ngaturna sesaosan marang Ingsun kanthi temen-temen sarta ing waktu kang wus katemtokake minangka dhaharingSun awujud kurban genenan, kang gandane gawe renane panggalihingSun.

3. Sira tutura marang wong-wong iku: Iki wujude kurban genenan kang kudu sira saosake marang Pangeran Yehuwah: saben dina wedhus gembel loro kang tanpa cacad umur sataun, minangka kurban obaran ajegan.

4. Wedhus kang siji kaolaha ing wayah esuk, lan sijine kaolaha ing wayah sore.

5. Iku kanthenana glepung gandum pilihan saprasepuluh efa kacampur lenga dheplokan saprapat hin minangka kurban dhaharan.

6. Iku kurban obaran ajegan kang anggone kaolah sakawit ing gunung Sinai minangka ganda kang gawe renaning panggalih, kurban genenan kang kasaosake marang Sang Yehuwah.

7. Dene kang kanggo kurban unjukan iku anggur saprapat hin kanggo wedhus siji; sira ngesokna omben-omben kang mendemi minangka kurban unjukan kagem Sang Yehuwah ana ing pasucen.

8. Dene wedhus sijine sira olaha ing wayah sore, anggonira ngolah iku padha kaya kurban dhaharan ing wayah esuk, lan kaya kurban unjukan minangka kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Pangeran Yehuwah.”

9. “Ing dina Sabat, wedhus gembel loro kang umur sataun kang tanpa cacad, kakanthenana glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa, kaolah kalawan lenga, minangka kurban dhaharan sarta kabarengna karo kurban unjukan.

10. Iku kurban obaran Sabat ing saben dina Sabat, kajaba kurban obaran ajegan lan kurbane unjukan.

maca bab lengkap Wilangan 28