Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 25:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

11. “Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.

12. Mulane kabeh padha sira kandhanana: Lah Pinehas iku Sunparingi prajanjian kaslametan kagunganingSun,

13. minangka prajanjian kaimaman kanggo ing salawase tumrap awake dhewe lan turune, marga kalawan mempeng anggone wus mbelani Allahe sarta nganakake pirukun kanggo wong Israel.”

14. Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,

15. lan wong wadon bangsa Midian kang dipateni iku jenenge Kozbi anake Zur; Zur iku sawijining panggedhene golongan -- yaiku kulawangsa -- ing Midian.

16. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

17. “Wong Midian iku padha sira lurugana lan padha sira patenana,

18. marga wus padha nglawan marang sira sarana akal kang dirancang tumrap marang sira, ing bab Peor lan ing bab Kozbi, sadulure wadon, yaiku anake wadon sawijining panggedhene bangsa Midian; Kozbi iku dipateni mbarengi wewelak kang jalaran saka Peor iku.” edit 1: fajar '01

maca bab lengkap Wilangan 25