Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 24:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Lagi mendhak njerum kaya singa lanang,iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake?Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah,lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”

10. Ing kono Sang Prabu Balak banjur tuwuh dukane marang Bileam klawan ngremet-remet asta, tumuli ngandika marang Bileam: “Enggonku nimbali kowe iku dakpurih ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi rambah kaping telu;

11. saiki, kowe minggata menyang panggonanmu; aku wus janji marang kowe, yen kowe masthi dakganjar akeh banget, nanging Pangeran Yehuwah kang malangi ganjaranmu iku.”

12. Ature Bileam marang Sang Balak: “Utusan panjenengan dalem rak sampun kawula sanjangi, wosipun:

13. Sanajan Sang Prabu Balak maringna kedhatone kebak emas lan salaka pisan, ewadene aku ora wani nerak kang dadi dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah, dadia bab nglakoni kang becik utawa kang ala saka atiku dhewe; endi kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, yaiku kang bakal dakucapake.

maca bab lengkap Wilangan 24