Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 24:8-14 Kitab Sutji (JAV)

8. Gusti Allah kang ngentasake saka ing tanah Mesir,iku tumrap bani Israel kayadene sungu kakuwataning bantheng,bangsa kang dadi mungsuhe padha kamangsa nganti entek,lan balunge padha karemuk,sarta bakal padha ketaman ing panahe nganti tembus.

9. Lagi mendhak njerum kaya singa lanang,iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake?Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah,lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”

10. Ing kono Sang Prabu Balak banjur tuwuh dukane marang Bileam klawan ngremet-remet asta, tumuli ngandika marang Bileam: “Enggonku nimbali kowe iku dakpurih ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi rambah kaping telu;

11. saiki, kowe minggata menyang panggonanmu; aku wus janji marang kowe, yen kowe masthi dakganjar akeh banget, nanging Pangeran Yehuwah kang malangi ganjaranmu iku.”

12. Ature Bileam marang Sang Balak: “Utusan panjenengan dalem rak sampun kawula sanjangi, wosipun:

13. Sanajan Sang Prabu Balak maringna kedhatone kebak emas lan salaka pisan, ewadene aku ora wani nerak kang dadi dhawuh timbalane Pangeran Yehuwah, dadia bab nglakoni kang becik utawa kang ala saka atiku dhewe; endi kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, yaiku kang bakal dakucapake.

14. Wondene ing samangke, kawula lajeng badhe wangsul dhateng panggenanipun bangsa kawula; ingkang punika panjenengan dalem kawula aturi uninga, punapa ingkang badhe katandukaken dening bangsa punika dhateng bangsa panjenengan dalem ing benjingipun.”

maca bab lengkap Wilangan 24