Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 24:14-20 Kitab Sutji (JAV)

14. Wondene ing samangke, kawula lajeng badhe wangsul dhateng panggenanipun bangsa kawula; ingkang punika panjenengan dalem kawula aturi uninga, punapa ingkang badhe katandukaken dening bangsa punika dhateng bangsa panjenengan dalem ing benjingipun.”

15. Bileam tumuli medharake kidunge, mangkene:“Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor,pangucape wong kang kaawasake mripate.

16. Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah,lan kang nampani kawruh ing ngatase Kang Mahaluhur,kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasa,kambi lumah-lumah, nanging klawan kabuka mripate.

17. Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki,dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan,ana lintang njedhul saka Yakub,ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel,iku ngremuk pilingane Moab,sarta nggempur marang sakehing turune Set.

18. Tanah Edom bakal dadi reh-rehane,lan Seir bakal dadi reh-rehane para mungsuhe iku.Nanging Israel bakal nindakake prakara-prakara kang nelakake gagah prakosane.

19. Sarta saka Yakub bakal ana wongkang kwasa,kang bakal numpes para kang padha oncat saka ing kutha.”

20. Bareng ndeleng wong Amalek, Bileam banjur medharake kidunge, mangkene:“Wiwitane para bangsa iku Amalek, nanging wekasane bakal ngalami rusak.”

maca bab lengkap Wilangan 24