Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 24:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Bileam ngreti yen anggone mberkahi marang Israel iku ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, mulane wus ora nindakake panenungan maneh kaya kang dhisik-dhisik, nanging tumuli madhep marang pasamunan.

2. Bareng Bileam mandeng mangarep lan weruh bangsa Israel anggone lereb taler-teleran, banjur katedhakan ing Rohe Gusti Allah.

3. Tumuli medharake kidunge, pangucape:“Iki tembung-tembunge Bileam bin Beor,pangucape wong kang kaawasake mripate.

4. Calathune wong kang krungu sabdane Gusti Allah,kang ndeleng wahyune Kang Mahakawasakambi lumah-lumah, nanging kabuka mripate.

5. Saiba endahe tarub-tarubmu, he Yakub,iya papan padununganmu, he Israel.

6. Kayadene lebak kang gumelar enggone mratani,kaya patamanan ing sapinggiring kali,kaya wit garu kang katanem dening Pangeran Yehuwah,kaya wit eres ing pinggiring banyu.

7. Timbane luber banyune,lan winihe kasiraman ing banyu akeh,kaluhurane rajane bakal ngungkuli Agag,lan karajane bakal kamulyakake.

maca bab lengkap Wilangan 24