Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 20:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Kenging punapa kula panjenengan tuntun medal saking Mesir, panjenengan bekta dhateng panggenan ingkang awon kados makaten, panggenan ingkang boten saged dipun sebari wiji, boten wonten witipun anjir, anggur utawi delima, dalah toya ingkang kaombe kemawon inggih boten wonten!”

6. Ing kono Nabi Musa lan Imam Harun padha nilar umat mau sarta tindak menyang ing lawangane Tarub Pasewakan, padha sumungkem sujud. Tumuli diketingali ing kamulyane Pangeran Yehuwah.

7. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa:

8. “Tekenira iku sira jupuka, sira lan kakangira Harun padha nglumpukna umat iku, sarta sira nyalathonana parang iku kanthi kaweruhan ing wong kabeh, temah parange bakal metu banyune. Kaya mangkono iku anggonira ngetokake banyu saka ing parang iku, sarta anggonira aweh ngombe marang umat dalah raja-kayane.”

9. Nabi Musa banjur mendhet tekene saka ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan.

10. Nabi Musa lan Imam Harun bareng wus nglempakake pasamuwan ana ing sangarepe parang, wong-wong mau padha dipangandikani dening Nabi Musa: “Heh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki padha kudu ngolehake banyu kanggo kowe saka ing parang iki?”

11. Nabi Musa banjur ngangkat astane, sarta nggebag parange kalawan tekene nganti rambah ping pindho, banjur metu banyune akeh, temah wong-wong dalah kewane padha bisa ngombe.

12. Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”

13. Iku mau banyu ing Meriba, papan panggonane wong Israel padha nglawan Sang Yehuwah sarta Panjenengane nedahake kasucene ana ing satengahe wong-wong iku.

14. Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,

maca bab lengkap Wilangan 20