Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 20:12-29 Kitab Sutji (JAV)

12. Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”

13. Iku mau banyu ing Meriba, papan panggonane wong Israel padha nglawan Sang Yehuwah sarta Panjenengane nedahake kasucene ana ing satengahe wong-wong iku.

14. Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,

15. bilih leluhur kawula sami pindhah dhateng ing tanah Mesir, ngantos lami anggen kawula sami manggen wonten ing Mesir, mangka tiyang Mesir sami daksiya dhateng kawula saha para leluhur kawula.

16. Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.

17. Mugi paduka marengna kawula sami langkung ing nagari paduka; kawula boten badhe langkung ing pategilan utawi pakebonan anggur paduka, sarta inggih boten badhe ngombe toya ing sumur paduka; kawula namung badhe langkung ing margi ageng kemawon, boten mawi menggok ngiwa utawi nengen, ngantos kawula sami dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

18. Nanging wangsulane wong Edom: “Sampeyan boten kenging langkung ing talatah kula, awit temtu badhe kula papagaken kalayan pedhang.”

19. Ature wong Israel: “Kawula badhe medal ing margi ageng, saha manawi kawula lan raja-kaya kawula ngantos ngombe toya paduka, badhe kawula aturi sepinten reginipun; panyuwun kawula namung uger kepareng nratas lumampah dharat kemawon, namung punika.”

20. Ewasamono wangsulane wong Edom tetep: “Boten kenging sampeyan langkung ing ngriki.” Malah wong Edom banjur padha metu mapagake klawan rakyate lan wadya-bala akeh.

21. Sarehne wong Edom kenceng ora nglilani wong Israel liwat ing tlatahe, mulane wong Israel banjur padha nyimpang ninggal wewengkon kono.

22. Wong Israel saumat kabeh banjur padha budhal saka ing Kadesy, tumuli tekan ing gunung Hor.

23. Ana ing sacedhake gunung Hor kono, ana ing tapel-watese tanah Edom, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun:

24. “Harun bakal kakumpulake karo para leluhure, awitdene ora bakal melu lumebu ing tanah kang Sunparingake marang wong Israel, marga sira padha nglirwakake marang dhawuhingSun ana ing sacedhake banyu ing Meriba.

25. Harun lan Eleazar padha timbalana, kairida munggah ing gunung Hor.

26. Harun tumuli cuculana panganggone lan sira anggokna marang Eleazar anake; dene Harun bakal kakumpulake karo para leluhure lan mati ana ing kono.”

27. Nabi Musa banjur nglampahi kaya anggone kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah; padha munggah ing gunung Hor; wong sapasamuwan kabeh padha ndeleng bab iku.

28. Imam Harun tumuli dilukari pangagemane dening Nabi Musa lan diagemake marang kang putra Eleazar; Imam Harun tumuli seda ana ing pucake gunung kono. Nabi Musa lan Imam Eleazar banjur padha tedhak saka ing gunung iku mau.

29. Wong sapasamuwan kabeh bareng ngerti yen Imam Harun wus seda, tumuli padha nangisi nganti telung puluh dina lawase.

maca bab lengkap Wilangan 20