Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 20:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Nabi Musa banjur ngangkat astane, sarta nggebag parange kalawan tekene nganti rambah ping pindho, banjur metu banyune akeh, temah wong-wong dalah kewane padha bisa ngombe.

12. Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”

13. Iku mau banyu ing Meriba, papan panggonane wong Israel padha nglawan Sang Yehuwah sarta Panjenengane nedahake kasucene ana ing satengahe wong-wong iku.

14. Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,

15. bilih leluhur kawula sami pindhah dhateng ing tanah Mesir, ngantos lami anggen kawula sami manggen wonten ing Mesir, mangka tiyang Mesir sami daksiya dhateng kawula saha para leluhur kawula.

16. Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.

17. Mugi paduka marengna kawula sami langkung ing nagari paduka; kawula boten badhe langkung ing pategilan utawi pakebonan anggur paduka, sarta inggih boten badhe ngombe toya ing sumur paduka; kawula namung badhe langkung ing margi ageng kemawon, boten mawi menggok ngiwa utawi nengen, ngantos kawula sami dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”

18. Nanging wangsulane wong Edom: “Sampeyan boten kenging langkung ing talatah kula, awit temtu badhe kula papagaken kalayan pedhang.”

maca bab lengkap Wilangan 20