Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 20:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika sasi kapisan wong Israel, yaiku wong saumat kabeh, padha tekan ing pasamunan Zin, banjur padha lereb ana ing Kadesy. Ibu Miryam seda ana ing kono lan iya ana ing kono anggone kasarekake.

2. Ing sawijining dina nalika wong-wong padha ora oleh banyu, banjur padha nglumpuk ngepung Nabi Musa lan Imam Harun,

3. sarta padha nglawan marang Musa, ature: “Bok kula inggih sami katuta pejah nalika sadherek kula sami apegat nyawa wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah.

4. Kenging punapa pasamuwan kagunganipun Sang Yehuwah panjenengan bekta dhateng pasamunan punika, supados kula sadaya dalah raja-kaya kula sami pejah wonten ing ngriki?

5. Kenging punapa kula panjenengan tuntun medal saking Mesir, panjenengan bekta dhateng panggenan ingkang awon kados makaten, panggenan ingkang boten saged dipun sebari wiji, boten wonten witipun anjir, anggur utawi delima, dalah toya ingkang kaombe kemawon inggih boten wonten!”

6. Ing kono Nabi Musa lan Imam Harun padha nilar umat mau sarta tindak menyang ing lawangane Tarub Pasewakan, padha sumungkem sujud. Tumuli diketingali ing kamulyane Pangeran Yehuwah.

7. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa:

8. “Tekenira iku sira jupuka, sira lan kakangira Harun padha nglumpukna umat iku, sarta sira nyalathonana parang iku kanthi kaweruhan ing wong kabeh, temah parange bakal metu banyune. Kaya mangkono iku anggonira ngetokake banyu saka ing parang iku, sarta anggonira aweh ngombe marang umat dalah raja-kayane.”

9. Nabi Musa banjur mendhet tekene saka ing ngarsane Sang Yehuwah, kaya anggone wus kadhawuhan.

10. Nabi Musa lan Imam Harun bareng wus nglempakake pasamuwan ana ing sangarepe parang, wong-wong mau padha dipangandikani dening Nabi Musa: “Heh, wong kang wangkot, padha rungokna! Apa iya aku iki padha kudu ngolehake banyu kanggo kowe saka ing parang iki?”

11. Nabi Musa banjur ngangkat astane, sarta nggebag parange kalawan tekene nganti rambah ping pindho, banjur metu banyune akeh, temah wong-wong dalah kewane padha bisa ngombe.

12. Nanging Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Imam Harun: “Sarehne sira ora kumandel marang Ingsun lan padha ora ngajeni pangwasaningSun ana ing sangarepe wong Israel, mulane sira padha ora kalilan ngirid pasamuwan iki lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake.”

maca bab lengkap Wilangan 20