Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 2:31-34 Kitab Sutji (JAV)

31. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Dhan ana satus seket pitu ewu nem atus. Iku budhale anaa ing buri dhewe, miturut panji-panjine.”

32. Samono mau gunggunge wong Israel kang padha kacacahake miturut taler-talere. Sakehe kang kacacahake ana ing tarub miturut golongane kabeh ana nem atus telu ewu limang atus seket.

33. Nanging wong Lewi ora kalebu kacacahake bareng karo wong Israel, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

34. Wong Israel padha nglakoni apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa; kaya mangkono anggone padha makuwon miturut panji-panjine, lan uga anggone padha budhalan, siji-sijine miturut gotrahe lan talere. edit 1: fajar 21 des'00

maca bab lengkap Wilangan 2