Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 2:23-31 Kitab Sutji (JAV)

23. Balane kang kacacahake iku ana telung puluh lima ewu patang atus.

24. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Efraim, miturut golongane ana satus wolu ewu satus. Iku budhale kang nomer telu.

25. Kang ana ing sisih lor panji-panjine taler Dhan, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Dhan yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.

26. Balane kang kacacahake iku ana suwidak loro ewu pitung atus.

27. Kang lereb ing sacedhake iku taler Asyer, kang dadi pemimpine taler Asyer yaiku: Pagiel bin Okhran.

28. Balane kang kacacahake iku ana patang puluh siji ewu limang atus.

29. Banjur taler Naftali, kang dadi pemimpine taler Naftali yaiku: Ahira bin Enan.

30. Balane kang kacacahake iku ana seket telu ewu patang atus.

31. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Dhan ana satus seket pitu ewu nem atus. Iku budhale anaa ing buri dhewe, miturut panji-panjine.”

maca bab lengkap Wilangan 2