Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 2:16-27 Kitab Sutji (JAV)

16. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Ruben, miturut golongane ana satus seket siji ewu patang atus seket. Iku budhale nomer loro.

17. Sawuse iku banjur disambung Tarub Pasewakan karo balane bani Lewi ana ing tengah-tengahe bala liya-liyane. Kaya manawa mbeneri lereb, iya mangkono uga samangsa budhalan, siji-sijine ana ing panggonane dhewe-dhewe miturut panji-panjine.

18. Kang ana ing sisih kulon iku panji-panjine taler Efraim, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Efraim yaiku: Elisama bin Amihud.

19. Balane kang kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.

20. Kang ana ing sandhinge taler Manasye, kang dadi pemimpine bani Manasye yaiku: Gamaliel bin Pedazur.

21. Balane kang kacacahake iku ana telung puluh loro ewu rong atus.

22. Tumuli taler Benyamin, kang dadi pemimpine taler Benyamin yaiku Abidan bin Gideoni.

23. Balane kang kacacahake iku ana telung puluh lima ewu patang atus.

24. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Efraim, miturut golongane ana satus wolu ewu satus. Iku budhale kang nomer telu.

25. Kang ana ing sisih lor panji-panjine taler Dhan, miturut golongane, kang dadi pemimpine bani Dhan yaiku: Ahiezer bin Amisyadai.

26. Balane kang kacacahake iku ana suwidak loro ewu pitung atus.

27. Kang lereb ing sacedhake iku taler Asyer, kang dadi pemimpine taler Asyer yaiku: Pagiel bin Okhran.

maca bab lengkap Wilangan 2