Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 2:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Balane kang kacacahake ana seket sanga ewu telung atus.

14. Nuli taler Gad; kang dadi pemimpine taler Gad yaiku: Elyasaf bin Rehuel.

15. Balane kang kacacahake ana patang puluh lima ewu nem atus seket.

16. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Ruben, miturut golongane ana satus seket siji ewu patang atus seket. Iku budhale nomer loro.

17. Sawuse iku banjur disambung Tarub Pasewakan karo balane bani Lewi ana ing tengah-tengahe bala liya-liyane. Kaya manawa mbeneri lereb, iya mangkono uga samangsa budhalan, siji-sijine ana ing panggonane dhewe-dhewe miturut panji-panjine.

18. Kang ana ing sisih kulon iku panji-panjine taler Efraim, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Efraim yaiku: Elisama bin Amihud.

19. Balane kang kacacahake ana patang puluh ewu limang atus.

20. Kang ana ing sandhinge taler Manasye, kang dadi pemimpine bani Manasye yaiku: Gamaliel bin Pedazur.

21. Balane kang kacacahake iku ana telung puluh loro ewu rong atus.

22. Tumuli taler Benyamin, kang dadi pemimpine taler Benyamin yaiku Abidan bin Gideoni.

23. Balane kang kacacahake iku ana telung puluh lima ewu patang atus.

24. Gunggunge kang kacacahake ana ing tarube Efraim, miturut golongane ana satus wolu ewu satus. Iku budhale kang nomer telu.

maca bab lengkap Wilangan 2