Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 2:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun:

2. “Wong Israel anggone lereb iku padha nyedhakana panji-panjine, mituruta tetengering suku-sukune. Anggone lereb iku anaa ing saubenge Tarub Pasewakan kapara adoh.

3. Kang lereb ana ing sisih wetan, cedhak karo panji-panjine, iku bani Yehuda, miturut golongane; kang dadi pemimpine bani Yehuda: Nahason bin Aminadhab.

4. Balane kang kacacahake iku ana pitung puluh papat ewu nem atus.

5. Sandhinge iku kang makuwon taler Isakhar, pemimpine bani Isakhar yaiku: Netaneel bin Zuar.

6. Balane kang kacacahake ana seket papat ewu patang atus.

7. Tumuli taler Zebulon, pemimpine bani Zebulon yaiku: Eliab bin Helon.

8. Balane kang kacacahake ana seket pitu ewu patang atus.

9. Gunggunge bala kang kacacahake ana ing tarube Yehuda, miturut golongane ana satus wolung puluh nem ewu patang atus. Iku samangsa budhal anaa ing ngarep dhewe.

maca bab lengkap Wilangan 2