Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 17:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Teken mau banjur padha diselehake dening Nabi Musa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing tarub angger-anggering Allah.

8. Kacarita esuke bareng Nabi Musa lumebet ing tarube papan angger-angger, lah lantarane Imam Harun kang kaetung talere Lewi wus semi, metu kudupe lan kembange sarta woh saked kang mateng.

9. Nabi Musa tumuli ngasta sakehe teken iku mau saka ing ngarsane Pangeran Yehuwah menyang ngarepe wong Israel kabeh; wong-wong padha ndeleng iku lan banjur njupuk tekene dhewe-dhewe.

10. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tekene Harun iku sira balekna maneh menyang ing ngarepe pethi angger-angger, kasimpena minangka pratandha kanggo para wong kang duraka, temah panggrundele wus sira ilangi lan ora Sunpireng maneh, supaya aja padha mati.”

11. Nabi Musa iya banjur nindakake apa kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kabeh dilampahi mangkono.

12. Nanging wong Israel padha matur marang Nabi Musa: “Lah kula punika tamtu badhe pejah, badhe katiwasan, inggih sami badhe tiwas bilai sadaya.

13. Sinten-sintena ingkang nyelaki Tarub Suci kagunganipun Sang Yehuwah, temtu nemahi pejah. Punapa kula badhe sami badhe tiwas sadaya?”

maca bab lengkap Wilangan 17