Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 16:45-50 Kitab Sutji (JAV)

45. “Sira padha sumingkira saka ing satengahe umat iki, wong-wong iku bakal padha Suntumpes sakedhap netra.” Karone banjur padha sumungkem sujud.

46. Nabi Musa tumuli ngandika marang Imam Harun: “Padupane jupuken, wenehana geni saka ing misbyah, lan dokokana dupa, umat iku enggal paranana lan nganakna pirukun kanggo wong-wong iku, awitdene bebendune Pangeran Yehuwah wus mulad-mulad, wewelak mau wus wiwit nempuh.”

47. Imam Harun banjur mendhet padupan kaya kang dadi dhawuhe Nabi Musa, sarta enggal-enggal lumayu menyang ing satengahe para umat, lan wewelake wus katon wiwit nempuh marang wong-wong mau, genine nuli didokoki dupa sarta nganakake pirukun kanggo bangsa iku.

48. Bareng Imam Harun jumeneng ana ing antarane wong kang wus mati lan kang isih urip, wewelake leren.

49. Anadene cacahe kang mati dening wewelak iku mau ana patbelas ewu pitung atus, iku kajaba kang padha mati awit saka prakarane Korakh.

50. Imam Harun tumuli murugi Nabi Musa ana ing ngarepe lawang Tarub Pasewakan; wewelake wus sirep.

maca bab lengkap Wilangan 16