Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 16:39-42 Kitab Sutji (JAV)

39. Imam Eleazar tumuli njupuki padupan tembaga sesaosane wong-wong kang wus kobong mau, banjur digembleng kagawe mblongsong misbyah.

40. Iku kanggo pangeling-eling tumrap wong Israel, supaya saliyane tedhake Imam Harun aja ana kang seba ngobong dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan aja ana kang tumindak kaya Korakh sagrombolane mau, nocogi kaya anggone wus kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa.

41. Nanging esuke wong Israel saumat kabeh padha pating kedumel mapali marang Nabi Musa lan Imam Harun, ature: “Panjenengan ingkang sami mejahi umatipun Sang Yehuwah.”

42. Kacarita bareng umat mau padha mapali nglawan Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha ngadhepake Tarub Pasewakan, lah tarube tumuli katon kalimputan ing mega, sarta cahya kamulyaning Yehuwah ngetingal.

maca bab lengkap Wilangan 16