Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 16:3-15 Kitab Sutji (JAV)

3. iku padha nglumpuk ngrubung Nabi Musa lan Imam Harun, sarta matur: “Sapunika sampun cekap! Tiyang saumat sadaya punika suci, sarta Pangeran Yehuwah wonten ing tengahipun; ingkang punika kadospundi, dene panjenengan kok sami ngluhuraken sarira ngungkuli pasamuwanipun Sang Yehuwah?”

4. Bareng Nabi Musa midhanget prakara iku banjur sumungkem sujud,

5. sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.

6. Kowe padha nindakna mangkene: Padha njupuka padupan, he Korakh lan kowe kabeh grombolane,

7. padha dekekana geni lan dupa ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sesuk-esuk nuli wong kang kapilih dening Sang Yehuwah, iku kang suci. Wus cukup samene bae, eh para bani Lewi!”

8. Nabi Musa banjur nyambeti pangandikane marang Korakh: “He, wong bani Lewi, padha ngrungokna!

9. Apa durung cukup tumrap kowe, anggonmu wus padha dibedakake dening Gusti Allahe Israel saka ing antarane umat Israel, diparengake sowan marang ing ngarsane, supaya kowe padha nglakoni ayahan ana ing Tarub Sucine Pangeran Yehuwah, sarta ngladeni pasamuwan,

10. kowe dalah para sadulurmu wong bani Lewi kabeh padha kalilan sowan, mangka saiki kowe kok padha ngarah kalenggahan imam?

11. Mulane kowe dalah grombolanmu kabeh banjur sakuthon nglawan marang Pangeran Yehuwah; sapa ta Imam Harun iku, dene kok padha kokgrundeli?”

12. Anadene Nabi Musa wus utusan nimbali Datan lan Abiram, para anake Eliab, nanging iku pangucape: “Aku padha emoh mara.

13. Apa durung cukup anggonmu nggawa aku kabeh metu saka ing tanah kang luber puwan lan madu, arep kokpateni ana ing pasamunan, dene saiki kok isih bae anggonmu nguwasani marang aku kabeh.

14. Satemene aku ora padha kokgawa menyang tanah kang luber puwan lan madu, iya ora padha kokwenehi pategalan utawa pakebonan anggur minangka tanah-pusaka; mangsa bisaa kowe mblithuk wong-wong iku! Aku padha emoh mara!”

15. Nabi Musa banget dukane, banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Sesaosanipun mugi sampun Paduka tampeni, kawula boten nate mendhet kuldinipun namunga satunggal kemawon, saha dhateng tiyang-tiyang wau satunggal kemawon, dereng nate kula nandukaken piawon.”

maca bab lengkap Wilangan 16