Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 16:25-35 Kitab Sutji (JAV)

25. Nabi Musa banjur jumeneng murugi tarube Datan lan Abiram, kadherekake dening para tuwa-tuwane Israel,

26. tumuli ngandika marang wong saumat kabeh: “Padha sumingkira saka ing tarube wong iki lan aja nganti nggepok apa-apane kang dadi duweke, supaya kowe aja nganti katut katumpes marga saka dosane!”

27. Wong-wong banjur padha sumingkir saka ing saubenge tarube Korakh, Datan lan Abiram. Datan lan Abiram banjur padha metu ngadeg ana ing lawanging tarube karo somahe, sarta anak-anake gedhe-cilik.

28. Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Marga saka lelakon iki kowe bakal padha sumurup, manawa aku diutus dening Sang Yehuwah supaya nindakake prakara iki kabeh, dadi ora saka karepku dhewe,

29. manawa wong-wong iku padha mati kaya salumrahe manungsa, lan bakal ngalami kaya kang dialami dening saben wong, dadi aku ora diutus dening Sang Yehuwah.

30. Balik manawa Pangeran Yehuwah nganakake lelakon kang durung tau kelakon, yaiku manawa bumi ngengakake cangkeme nguntal wong-wong iku dalah apa bae kang kadarbe, temah urip-uripan anggone kacemplung ing jagade wong mati, dadi kowe bakal ngreti, yen wong-wong iku wus padha nyampahi marang Pangeran Yehuwah.”

31. Lagi bae Nabi Musa kendel anggone ngandika mangkono, bumi kang dienciki wong-wong mau bengkah,

32. sarta ngangapake cangkeme lan nguntal wong-wong mau dalah brayate, apadene sagrombolane Korakh kabeh lan sabarang darbeke.

33. Kaya mangkono wong-wong mau urip-uripan padha kacemplung ing jagade wong mati dalah wong sagrombolane kabeh; banjur kasasaban ing bumi, padha tumpes sirna saka ing satengahing pasamuwan.

34. Wong-wong Israel kang ana ing saubenge kabeh padha lumayu ngadoh awit krungu panjerite, awit osiking atine: “Mengko bumi gek padha nguntal kita uga!”

35. Karomaneh ana geni metu saka ing Pangeran Yehuwah kang mangsa wong rong atus seket kang padha nyaosake padupan iku mau.

maca bab lengkap Wilangan 16