Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 16:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita Korakh bin Yishar bin Kehat bin Lewi sakuthon karo Datan lan Abiram, padha anake Eliab lan On bi Pelet, telu-telune wong Ruben, padha mbalela, ngajak wong-wong,

2. mbalela marang Nabi Musa, bebarengan karo wong Israel rong atus seket, padha panggedhene umat, kang pinilih dening pasamuwan, kabeh padha wong kajen,

3. iku padha nglumpuk ngrubung Nabi Musa lan Imam Harun, sarta matur: “Sapunika sampun cekap! Tiyang saumat sadaya punika suci, sarta Pangeran Yehuwah wonten ing tengahipun; ingkang punika kadospundi, dene panjenengan kok sami ngluhuraken sarira ngungkuli pasamuwanipun Sang Yehuwah?”

4. Bareng Nabi Musa midhanget prakara iku banjur sumungkem sujud,

5. sawuse tumuli ngandika marang Korakh lan marang grombolane kabeh: “Sesuk Pangeran Yehuwah bakal maringi katrangan sapa kang dadi kagungane, lan sapa kang suci, iya iku kang dililani sowan ing ngarsane; wong kang bakal kapilih, bakal diparengake sowan ing ngarsane.

maca bab lengkap Wilangan 16