Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 15:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. lan anggur sapratelon hin kanggo kurban unjukan, iku mau padha sira saosna minangka ganda arum konjuk marang Sang Yehuwah.

8. Manawa sapi kang sira saosake dadi kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah,

9. sapi siji dikanthenana kurban dhaharan arupa glepung gandum pilihan telung prasepuluh efa diolah nganggo lenga satengah hin,

10. lan sira nyaosna anggur satengah hin kanggo kurban unjukan. Iku kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah.

11. Siji-sijine sapi utawa wedhus gibas lanang sarta wedhus gibas utawa wedhus jawa, iku digawea kaya mangkono mau.

12. Sapira cacahe kewan kang sira olah, siji-sijine digawea kaya mangkono uga.

13. Saben wong Israel asli manawa nyaosake kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, iku nindakna kaya mangkono mau.

maca bab lengkap Wilangan 15