Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 15:37-41 Kitab Sutji (JAV)

37. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

38. “Sira kandhaa marang wong Israel, padha sira tuturana supaya padha gawe gombyok ana ing pojoking jubahe tekan saturun-turune, gombyok mau padha kaetrapana tampar wungu semu biru.

39. Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.

40. Iya supaya sira tansah padha eling lan ngestokake sakehe pepakeningSun, lan padha dadia suci kagem Allahira.

41. Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

maca bab lengkap Wilangan 15