Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 15:34-41 Kitab Sutji (JAV)

34. Wonge tumuli dilebokake ing tahanan, marga durung ana katemtuan bab putusane.

35. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong iku poma kaukuma pati; dibenturana watu dening wong Israel saumat kabeh ana ing sajabane palereban.”

36. Wonge tumuli diirid dening wong saumat kabeh menyang ing sajabane palereban, sarta dibenturi watu nganti mati, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.

37. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

38. “Sira kandhaa marang wong Israel, padha sira tuturana supaya padha gawe gombyok ana ing pojoking jubahe tekan saturun-turune, gombyok mau padha kaetrapana tampar wungu semu biru.

39. Tampar mau dadia pepeling marang sira, supaya samangsa sira padha ndeleng iku, sira padha elinga marang sakehe pepakene Sang Yehuwah, sarta padha sira estokna, aja nganti nuruti atinira lan pamawasing mripatira maneh, kaya kang wus kerep sira tindakake, yaiku anggonira ora setya marang Pangeran Yehuwah.

40. Iya supaya sira tansah padha eling lan ngestokake sakehe pepakeningSun, lan padha dadia suci kagem Allahira.

41. Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dadia Allahira; Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”

maca bab lengkap Wilangan 15