Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 15:25-35 Kitab Sutji (JAV)

25. Dene imam banjur nganakna pirukun kanggo wong Israel saumat kabeh, temah bakal padha kaparingan pangapura, marga prakara iku kelakone tanpa kajarag lan wus padha nyaosake pisungsung-pisungsunge minangka kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah, lan uga kurban pangruwating dosane ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, marga saka bab kang ora kajarag mau.

26. Wong Israel saumat kabeh bakal padha oleh pangapura, dalah bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, awitdene kang kaluputan tanpa kajarag iku mau wong sabangsa kabeh.

27. Mangkono maneh manawa mung wong siji kang gawe dosa tanpa kajarag, iku nyaosna wedhus wadon kang umur setaun minangka kurban pangruwating dosa,

28. dene imam tumuli nganakna pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah kanggo wong kang kaluputan gawe dosa tanpa kajarag mau, supaya oleha pangapura, awit wus dianakake pirukun.

29. Dadia kanggo wong Israel asli utawa kanggo bangsa liya kang neneka ana ing tengahira, mung ana angger-angger siji kang kanggo wong-wong mau, tumrap anane wong kang nglakoni kaluputan tanpa kajarag.

30. Balik mungguh wong kang nindakake apa-apa kanthi kajarag, dadia wong Israel asli utawa bangsa liya, iku dadine nyenyamah marang Sang Yehuwah, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane,

31. marga wus ngremehake marang pangandikaning Yehuwah sarta mbubrah pranatane; wong iku poma katumpesa, katempuhna nyangga durakane.”

32. Nalika wong Israel padha ana ing pasamunan, ana kang meruhi sawijining wong ripik-ripik kayu obong pinuju ing dina Sabat,

33. wong-wong kang ngonangi banjur nggawa wong mau marang ing ngarsane Nabi Musa lan Imam Harun, sarta wong saumat kabeh.

34. Wonge tumuli dilebokake ing tahanan, marga durung ana katemtuan bab putusane.

35. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Wong iku poma kaukuma pati; dibenturana watu dening wong Israel saumat kabeh ana ing sajabane palereban.”

maca bab lengkap Wilangan 15