Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 15:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. “Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira dadi papan padununganira,

3. sarta sira padha arep nyaosake kurban genenan marang Sang Yehuwah, kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo pisungsung manasuka, apadene ing dina riyayanira, minangka ganda arum konjuk marang Pangeran Yehuwah kang arupa sapi utawa wedhus,

4. wong kang nyaosake kurbane marang Pangeran Yehuwah mau nganggoa dikantheni kurban dhaharan arupa glepung pilihan saprasepuluh efa, kaolah nganggo lenga saprasepuluh hin,

5. lan kanggo kurbane obaran utawa kurbane sembelehan iku saben wedhus siji sira kanthenana anggur saprapat hin kanggo kurban unjukan.

6. Nanging manawa kurbane iku awujud wedhus gibas lanang, saben wedhus sira kanthenana kurban dhaharan arupa glepung pilihan rong prasepuluh efa, kaolah nganggo lenga sapratelon hin,

7. lan anggur sapratelon hin kanggo kurban unjukan, iku mau padha sira saosna minangka ganda arum konjuk marang Sang Yehuwah.

8. Manawa sapi kang sira saosake dadi kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah,

9. sapi siji dikanthenana kurban dhaharan arupa glepung gandum pilihan telung prasepuluh efa diolah nganggo lenga satengah hin,

10. lan sira nyaosna anggur satengah hin kanggo kurban unjukan. Iku kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah.

11. Siji-sijine sapi utawa wedhus gibas lanang sarta wedhus gibas utawa wedhus jawa, iku digawea kaya mangkono mau.

12. Sapira cacahe kewan kang sira olah, siji-sijine digawea kaya mangkono uga.

13. Saben wong Israel asli manawa nyaosake kurban genenan, kang gandane njalari renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, iku nindakna kaya mangkono mau.

14. Dene manawa ana wong bangsa liya kang neneka utawa wong liyane kang manggon ana ing tengahira utawa ing satengahe turunira besuk, mangka iku arep nyaosake kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah, iku patrape iya padha karo kang sira tindakake.

maca bab lengkap Wilangan 15