Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 15:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

2. “Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira dadi papan padununganira,

3. sarta sira padha arep nyaosake kurban genenan marang Sang Yehuwah, kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo pisungsung manasuka, apadene ing dina riyayanira, minangka ganda arum konjuk marang Pangeran Yehuwah kang arupa sapi utawa wedhus,

4. wong kang nyaosake kurbane marang Pangeran Yehuwah mau nganggoa dikantheni kurban dhaharan arupa glepung pilihan saprasepuluh efa, kaolah nganggo lenga saprasepuluh hin,

5. lan kanggo kurbane obaran utawa kurbane sembelehan iku saben wedhus siji sira kanthenana anggur saprapat hin kanggo kurban unjukan.

6. Nanging manawa kurbane iku awujud wedhus gibas lanang, saben wedhus sira kanthenana kurban dhaharan arupa glepung pilihan rong prasepuluh efa, kaolah nganggo lenga sapratelon hin,

7. lan anggur sapratelon hin kanggo kurban unjukan, iku mau padha sira saosna minangka ganda arum konjuk marang Sang Yehuwah.

8. Manawa sapi kang sira saosake dadi kurban obaran utawa kurban sembelehan, kanggo ngluwari punagi, utawa kanggo kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah,

maca bab lengkap Wilangan 15