Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 14:34-45 Kitab Sutji (JAV)

34. Anggonira bakal padha nyangga kaluputanira iku lawase nganti patang puluh taun, miturut cacahing dina enggonira padha nelik marang tanah iku, patang puluh dina; sadina dietung setaun, supaya sira padha ngerti rasane, manawa sira Sunsingkur.

35. Ingsun, Yehuwah, kang mangandikani iki. Lah iku mau bakal Suntandukake kabeh marang sagolongane wong kang ala iki. Kang wus padha sarujukan nglawan marang Ingsun; mesthi bakal padha tumpes ana ing pasamunan kene lan ana ing kene anggone bakal padha mati.”

36. Anadene wong kang padha kautus dening Musa nelik tanah, mangka sabaline banjur ndadekake sagolongane wong kabeh padha ngedumeli marang Nabi Musa, marga saka anggone nglairake pawarta kang ala ing ngatase tanah mau,

37. wong iku padha mati kena ing wewelake Pangeran Yehuwah;

38. panunggalane wong kang wus padha nelik tanah, mung Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune kang padha lestari urip.

39. Bareng Nabi Musa wus rampung anggone ndhawuhake pangandika iku mau marang wong Israel kabeh, wong-wong padha banget susahe.

40. Esuke isih repet-repet banjur padha tangi, sumedya munggah ing pucake gunung, ature: “Lah sapunika kula sami badhe majeng nglurug ing panggenan ingkang kadhawuhaken dening Pangeran Yehuwah, kula pancen sampun sami damel dosa.”

41. Nanging pangandikane Nabi Musa: “Yagene kowe padha arep nglirwakake pangandikane Pangeran Yehuwah? Sedyamu mangkono mau ora bisa kelakon.

42. Aja padha nglurug, marga Sang Yehuwah mesthi ora nunggil karo kowe, aja nganti kowe padha kagecak dening mungsuhmu,

43. awit wong Amalek lan wong Kanaan padha ana ing ngarepmu kono, lan kowe bakal padha tiwas dening pedhang; awitdene kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah, dadine Sang Yehuwah iya ora bakal nunggil karo kowe.”

44. Ewadene wong-wong mau padha nekad munggah ing pucake gunung, nanging pethining prasetyane Sang Yehuwah lan Nabi Musa ora mingked saka papan palereban.

45. Wong Amalek lan wong Kanaan kang padha manggon ing pagunungan kono banjur padha mudhun lan nempuh marang wong-wong mau, temah padha keplayu nganti tutug ing Horma.

maca bab lengkap Wilangan 14