Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 14:27-37 Kitab Sutji (JAV)

27. “Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,

28. padha sira dhawuhana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah: Demi Ingsun agesang, mesthi sira padha Suntanduki apa kang wus padha sira ucapake ana ing ngarsaningSun.

29. Jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan, iya iku sakehe panunggalanira kang wus padha kacathetan, kang umur rong puluh taun sapandhuwur ora ana kang kajabakake, amarga sira wus padha ngadumeli marang Ingsun.

30. Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.

31. Dene anak-anakira kang padha sira arani yen bakal dadi tawanan, iku kang bakal padha Sunirid lumebu ing kono, supaya iku padha ngawruhana tanah kang padha sira tampik.

32. Balik mungguh sira, jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan iki,

33. dene anak-anakira bakal padha nglambrang kayadene pangon ana ing pasamunan kene lawase patang puluh taun, bakal padha nanggung kamursalanira, nganti sira wus padha mati tumpes-tapis ana ing pasamunan kene.

34. Anggonira bakal padha nyangga kaluputanira iku lawase nganti patang puluh taun, miturut cacahing dina enggonira padha nelik marang tanah iku, patang puluh dina; sadina dietung setaun, supaya sira padha ngerti rasane, manawa sira Sunsingkur.

35. Ingsun, Yehuwah, kang mangandikani iki. Lah iku mau bakal Suntandukake kabeh marang sagolongane wong kang ala iki. Kang wus padha sarujukan nglawan marang Ingsun; mesthi bakal padha tumpes ana ing pasamunan kene lan ana ing kene anggone bakal padha mati.”

36. Anadene wong kang padha kautus dening Musa nelik tanah, mangka sabaline banjur ndadekake sagolongane wong kabeh padha ngedumeli marang Nabi Musa, marga saka anggone nglairake pawarta kang ala ing ngatase tanah mau,

37. wong iku padha mati kena ing wewelake Pangeran Yehuwah;

maca bab lengkap Wilangan 14