Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 14:20-32 Kitab Sutji (JAV)

20. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Iya wus padha Sunapura, kaya kang dadi panyuwunira.

21. Mung bae, demi Ingsun agesang lan salumahing bumi kebekan kaluhuraning Yehuwah:

22. sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,

23. iku mesthi ora bakal padha ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan supaos marang para leluhure! Sakehe wong kang wus nyampahi marang Ingsun, mesthi ora ana kang bakal ndeleng.

24. Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.

25. Anadene wong Amalek lan wong Kanaan padha manggon ana ing lebak. Sesuk sira padha balia, budhala menyang ing pasamunan, nuju marang segara Teberau.”

26. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa lan Imam Harun:

27. “Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,

28. padha sira dhawuhana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah: Demi Ingsun agesang, mesthi sira padha Suntanduki apa kang wus padha sira ucapake ana ing ngarsaningSun.

29. Jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan, iya iku sakehe panunggalanira kang wus padha kacathetan, kang umur rong puluh taun sapandhuwur ora ana kang kajabakake, amarga sira wus padha ngadumeli marang Ingsun.

30. Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.

31. Dene anak-anakira kang padha sira arani yen bakal dadi tawanan, iku kang bakal padha Sunirid lumebu ing kono, supaya iku padha ngawruhana tanah kang padha sira tampik.

32. Balik mungguh sira, jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan iki,

maca bab lengkap Wilangan 14