Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 14:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. karodene padha ngedumeli marang Nabi Musa lan Imam Harun, sarta padha matur: “Adhuh bok inggiha kula sami pejah wonten ing tanah Mesir kemawon, utawi wonten ing pasamunan ngriki!

3. Punapaa dene kula sami dipun bekta dening Pangeran Yehuwah dhateng tanah ngriki supados sami tiwas dening pedhang, saha anak semah kula sami badhe dados tawanan? Punapa boten langkung prayogi kula sami wangsul kemawon dhateng tanah Mesir?”

4. Apamaneh padha sapocapan mangkene: “Ayo padha ngangkat pemimpin banjur bali menyang tanah Mesir.”

5. Nabi Musa lan Imam Harun tumuli padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepe sagolongane pasamuwane wong Israel;

6. nanging Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune, panunggalane kang wus padha nelik tanah iku, padha nyuwek sandhangane,

7. sarta tutur marang wong saumat Israel kabeh, pangucape: “Tanah kang wus padha daktelik lan dakdlajahi, iku tanah kang luwih dening becik.

8. Manawa kita dadi keparenging panggalihe Pangeran Yehuwah, kita mesthi bakal padha kelakon diirid lumebu ing nagara iku lan nagara iku bakal diparingake marang kita, nagara kang luber puwan lan madu.

9. Mung bae aja padha mbalela marang Sang Yehuwah, lan aja wedi marang bangsa ing nagara kono, marga mesthi bakal kita ganyang nganti entek. Wong-wong mau wus koncadan kang dadi pangayomane, mangka Pangeran Yehuwah nunggil kalawan kita, mulane wong-wong iku aja padha kokwedeni.”

10. Ing kono wong saumat kabeh padha ngancam arep mbenturi watu marang Yusak lan Kaleb; nanging kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngetingal marang wong Israel kabeh ana ing Tarub Pasewakan.

11. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.

12. Bangsa iki bakal Sungebag kalawan pageblug lan bakal Suntumpes, nuli sira iku bakal Sundadekake bangsa kang luwih gedhe lan luwih kuwasa tinimbang karo iku.”

13. Nanging unjuke Nabi Musa marang Sang Yehuwah: “Manawi bangsa Mesir mireng bab punika, mangka Paduka ingkang sampun ngentasaken bangsa punika saking tanganipun kanthi kasekten Paduka,

14. temtu badhe cariyos dhateng tiyang ingkang sami manggen ing nagari ngriki, ingkang sampun sami mireng, bilih Paduka Pangeran Yehuwah, wonten ing tengahipun bangsa punika, saha bilih Paduka sampun ngatingal dhateng bangsa punika kalayan aben ajeng, saha bilih sami kaeyuban ing mega Paduka, punapa malih anggen Paduka ngirid lampahipun punika manawi siyang srana tugu mega, manawi dalu srana tugu latu.

maca bab lengkap Wilangan 14