Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 14:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Ingkang punika mugi ing samangke pangwaos Paduka sageda tetela luhuripun, nyondhongi pangandika Paduka, wiraosipun:

18. Pangeran Yehuwah iku luwih dening sabar sarta luber sih-kamirahane, kang ngapura kaluputan lan panerak, sanajan kang nglakoni mesthi ora luput saka paukuman, malah malesake durakane para bapa ana ing anakputu, turun ping telu lan ping pat.

19. Mugi Paduka karsaa ngapunten kalepatanipun bangsa punika, awit saking gunging kamirahan Paduka, inggih kados anggen Paduka sampun karsa ngapunten kalepatanipun bangsa punika wiwit saking tanah Mesir ngantos dumugi ing ngriki.”

20. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Iya wus padha Sunapura, kaya kang dadi panyuwunira.

21. Mung bae, demi Ingsun agesang lan salumahing bumi kebekan kaluhuraning Yehuwah:

22. sakehe wong kang wus weruh ing kaluhuraningSun lan pratandha-pratandha mukjijad kang wus Suntindakake ana ing tanah Mesir lan ing pasamunan, mangka wus padha nyoba marang Ingsun nganti rambah ping sepuluh iki, sarta padha ora gelem ngrungokake dhawuhingSun,

maca bab lengkap Wilangan 14