Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 13:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Anadene Nabi Musa anggone ngutus wong mau nelik tanah Kanaan iku padha diweling mangkene: “Mangkata, saka kene njujuga tanah Negeb, lan padha munggaha ing pagunungan,

18. titipriksanen kaanane nagara iku, mangkono uga bangsa kang ngenggoni, rosa apa ringkih, cacahe sathithik apa akeh;

19. sarta nagara kang dienggoni, becik apa ala; karodene kutha-kuthane kang dienggoni, padha manggon ing tarub apa omah-omah kang santosa,

20. kapriye kaanane tanahe, loh apa cengkar, apa akeh wit-witane apa ora. Padha ditatag lan nggawaa pametune tanah sawatara.” Anadene nalika iku mbeneri mangsa miwiti ngundhuh woh anggur.

21. Wong mau tumuli padha mangkat, nelik tanah iku wiwit saka ing pasamunan Zin tutug ing Rehob, ing dalan kang anjog ing Hamat;

22. kang diliwati dhisik tanah Negeb, banjur tekan ing Hebron; Ahiman, Sesai lan Talmai, turune Enak padha manggon ing kono. Mungguh madege Hebron iku luwih dhisik pitung taun tinimbang Soan ing tanah Mesir.

23. Satekane ing lebak Eskol, padha ngethok pange wit anggur dalah wohe sadhompol, banjur dipikul wong loro; mangkono uga padha nggawa woh delima lan woh anjir sawatara.

24. Panggonan mau kaaranan lebak Eskol, marga saka dhompolan woh anggur kang dikethok dening wong Israel ana ing kono.

25. Sawuse patang puluh dina anggone nelik tanah iku banjur padha bali,

maca bab lengkap Wilangan 13