Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 11:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Nabi Musa tumuli miyos sarta ndhawuhake pangandikane Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, karomaneh nglumpukake wong pitung puluh panunggalane para pinituwane umat, padha didhawuhi ngadeg ing saubenge tarub.

25. Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.

26. Anadene ing palereban isih ana wong loro kang kari, kang siji jenenge Eldad, sijine Medad, kang iya padha kapanjingan ing Roh, iku iya kalebu panunggalane kang kacathetan, nanging padha ora melu metu menyang tarub, mulane iya banjur padha medhar wangsit kaya nabi ana ing palereban.

27. Banjur ana sawijining wong nom lumayu ngaturi uninga marang Nabi Musa, ature: “Eldad kaliyan Medad sami medhar wangsit wonten ing palereban.”

28. Yusak bin Nun, kang wiwit nom mula dadi abdine Nabi Musa, tumuli matur: “Dhuh bendara kula Musa, mugi panjenengan pambengi!”

29. Nanging banjur dipangandikani dening Nabi Musa: “Yagene nganti samono anggonmu mbelani aku? Sokur manawa umate Sang Yehuwah kabeh padha dadi nabi, marga padha kaparingan Rohe Pangeran Yehuwah!”

30. Nabi Musa banjur tindak wangsul menyang ing pakemahan kadherekake dening para pinituwane Israel mau.

31. Tumuli ana angin midid kang asale saka Pangeran Yehuwah, kang nggawa manuk gemak saka ing pinggire segara banjur kasebar ana ing sadhuwure palereban sarta ing saubenge, ing keblat papat, nganti watara lakon sadina, dhuwure saka ing lemah watara rong asta.

32. Wong-wong banjur padha tumandang nglumpukake manuk gemak mau nganti sadina muput lan sawengi natas, dalah esuke iya sadina muput maneh; saben wong siji anggone nglumpukake sathithik-sathithike sapuluh homer, tumuli padha didhendheng disebar ana ing saubenge palereban.

33. Nalika daginge iku isih ana ing cangkem, durung nganti kamamah, banjur mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, padha kagebag ing wewelak kang abot banget dening Sang Yehuwah.

34. Awit saka iku panggonan kono katelah aran: Kibrot-Taawa, marga ana ing kono anggone padha ngubur wong-wong kang srakah.

35. Saka ing Kibrot-Taawa umat mau banjur budhal menyang Hazerot, tumuli lereb ana ing kono. edit 1: fajar '01

maca bab lengkap Wilangan 11