Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 11:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Kawula boten kuwawi nyanggi piyambak tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya, awit punika kawraten tumrap kawula.

15. Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”

16. Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira nglumpukna ana ing ngarsaningSun wong lanang pitung puluh panunggalane para pinituwane Israel, kang padha sira sumurupi, yen iku padha dadi pinituwa lan pemimpine bangsa; iku padha sira ajokna menyang ngarepe Tarub Pasewakan, lan padha ngadega ana ing kono karo sira.

17. Nuli Ingsun bakal tumedhak sarta bakal ngandikan karo sira ana ing kono, nuli Roh kang ana ing sira iku bakal salong Sunpundhut, Sundunungake ing wong-wong mau, banjur bakal padha ngrewangi sira mikul tanggung-jawab tumrap bangsa iku, supaya aja sira pikul dhewe.

18. Nanging wong sabangsa mau padha sira dhawuhana mangkene: Padha sesucia kanggo ing dina sesuk, nuli kowe bakal padha mangan daging; marga kowe wus padha nangis ana ing ngarsaning Yehuwah, kanthi pangucapmu: Sapa kang bakal aweh daging marang aku? Ana ing tanah Mesir kaananku kabeh rak becik banget ta? Kang iku Sang Yehuwah bakal maringi daging marang kowe, kang bakal kokpangan.

19. Ora mung sadina anggonmu padha mangan, ora mung rong dina, ora limang dina, ora sepuluh dina, ora rong puluh dina,

20. nanging nganti sesasi muput, nganti metu saka ing irungmu lan nganti kowe padha unek-uneken, marga kowe wus padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah kang ana ing tengahmu sarta padha nangis ana ing ngarsane kanthi pangucapmu: Apa ta prelune aku padha metu saka ing tanah Mesir?”

21. Nanging unjuke Nabi Musa: “Bangsa ingkang kawula tunggil punika cacahipun nem atus ewu sami lumampah dharat, mangka kok wonten dhawuh Paduka: Bakal padha Sunparingi daging kang dipangan nganti sesasi muput.

22. Punapa badhe sami kapragataken menda utawi lembu ingkang cekap kangge tiang samanten punika? Utawi punapa badhe kapendhetaken sakathahipun ulam ing saganten ngantos nyekapi?”

23. Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”

24. Nabi Musa tumuli miyos sarta ndhawuhake pangandikane Pangeran Yehuwah marang wong sabangsa, karomaneh nglumpukake wong pitung puluh panunggalane para pinituwane umat, padha didhawuhi ngadeg ing saubenge tarub.

maca bab lengkap Wilangan 11