Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 11:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita ing sawijining dina wong sabangsa padha ngresula ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing bab kaanane kang ora kapenak. Bareng Pangeran Yehuwah mireng bab iku, banjur duka; genine Sang Yehuwah banjur murub ana ing antarane, lan memangsa ana ing tepis-wiringe palereban.

2. Wong sabangsa iku tumuli padha sambat-sambat marang Nabi Musa, sarta Nabi Musa banjur ndedonga marang Pangeran Yehuwah, temah genine sirep.

3. Awit saka iku panggonan kono mau kaaranan Tabera, marga genine Sang Yehuwah murub ana ing satengahe.

4. Anadene wong rucah kang ana ing antarane padha kathukulan budi srakah, temahan wong Israel banjur katut nangis maneh, pangucape: “Sapa kang bakal menehi daging marang aku?

5. Aku padha kelingan manawa mangan daging ana ing tanah Mesir tanpa tuku, apadene timun lan semangka, loncang, brambang sarta bawang.

6. Nanging saiki awakku padha kuru aking, ora ana apa-apa kajaba mung man iki.”

7. Mungguh man iku memper ketumbar lan warnane kaya blendok bedolah.

8. Wong-wong padha mlayu slira-sliri anggone ngrakupi, banjur digiling srana panggilingan utawa didheplok ana ing lumpang, nuli diolah ana ing kuwali digawe roti bunder-bunder, rasane kaya glepung kang digoreng.

9. Saben bengi manawa ebun tumurun ing palereban, ing kono iya tumuli kasasaban man.

10. Bareng Nabi Musa midhanget wong sabrayat-sabrayat padha nangis ana ing lawanging tarube, banget mulad-mulad bebendune Pangeran Yehuwah, sarta Nabi Musa piyambak iya nganggep bab iku ora becik.

11. Nuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Kadospundi dene tangkep Paduka dhumateng abdi Paduka kok awon makaten, punapaa kawula boten pikantuk sih-palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula ngantos Paduka paringi tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya?

12. Punapa kawula ingkang ngandhut bangsa punika sadaya, punapa inggih kawula ingkang nglairaken, dene ngantos Paduka dhawuhi: Sira boponga, kaya emban anggone mbopong pasusone, kagawaa menyang tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang para leluhure.

13. Saking pundi anggen kawula pikantuk daging ingkang saged kawula sukakaken dhateng tiyang sabangsa punika sadaya? Awit sami nangis dhateng kawula saha pangucapipun: Kula mugi panjenengan paringi daging, badhe kula tedha.

14. Kawula boten kuwawi nyanggi piyambak tanggel-jawab tumrap tiyang sabangsa punika sadaya, awit punika kawraten tumrap kawula.

15. Wondene manawi tangkep Paduka dhateng kawula kados makaten, inggih aluwung kawula Paduka pejahana kemawon, manawi kawula saestu pikantuk sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, supados kawula boten ngantos nyumerepi cilaka kawula.”

maca bab lengkap Wilangan 11