Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 1:43-54 Kitab Sutji (JAV)

43. Gunggunge saka taler Naftali kang kacathetan iku ana seket telu ewu patang atus.

44. Samono mau kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun lan para panggedhene para wong Israel rolas, kang siji-sijine makili talere.

45. Dadi sakehe wong Israel kang kacacahake miturut taler-talere kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang ana ing satengahe wong Israel,

46. gunggunge nem atus telu ewu limang atus seket.

47. Nanging wong-wong kang kalebu turune Lewi, iku anggone kacacahake ora awor karo wong-wong iku,

48. marga Nabi Musa wus kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah, mangkene:

49. “Mung taler Lewi iku aja sira catheti lan aja sira etung cacahe bebarengan karo wong Israel,

50. nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.

51. Samangsa Tarub Suci mangkat, wong Lewi kang kudu ngrucati, lan samangsa leren, wong Lewi kang kudu ngadegake; manawa ana wong lumrah kang nyedhaki, kaukuma pati.

52. Wong Israel samangsa padha lereb, siji-sijine manggona ing tarube dhewe-dhewe, cedhak karo panji-panjine, miturut golongane,

53. nanging wong Lewi kudu lereb ing saubenge Tarub Suci panggonaning angger-anggere Gusti Allah, supaya umat Israel aja nganti kena ing bebendu; wong Lewi kudu rumeksa marang Tarub Suci, panggonaning angger-angger iku.”

54. Anadene wong Israel iya padha nglakoni kaya mangkono; ngetrepi kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, iku diestokake kabeh. edit 1: fajar 21 des'00

maca bab lengkap Wilangan 1