Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 1:42-51 Kitab Sutji (JAV)

42. Mungguh sarasilahe turune Naftali iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge.

43. Gunggunge saka taler Naftali kang kacathetan iku ana seket telu ewu patang atus.

44. Samono mau kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun lan para panggedhene para wong Israel rolas, kang siji-sijine makili talere.

45. Dadi sakehe wong Israel kang kacacahake miturut taler-talere kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang ana ing satengahe wong Israel,

46. gunggunge nem atus telu ewu limang atus seket.

47. Nanging wong-wong kang kalebu turune Lewi, iku anggone kacacahake ora awor karo wong-wong iku,

48. marga Nabi Musa wus kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah, mangkene:

49. “Mung taler Lewi iku aja sira catheti lan aja sira etung cacahe bebarengan karo wong Israel,

50. nanging iku padha kapataha rumeksa Tarub Suci, panggonan angger-angger dalah prabot lan sapirantine kabeh; padha nggotonga Tarub Suci dalah sapirantine; sarta padha leladia ana ing kono, karodene anggone makuwon anaa ing saubenge.

51. Samangsa Tarub Suci mangkat, wong Lewi kang kudu ngrucati, lan samangsa leren, wong Lewi kang kudu ngadegake; manawa ana wong lumrah kang nyedhaki, kaukuma pati.

maca bab lengkap Wilangan 1