Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 1:32-49 Kitab Sutji (JAV)

32. Mungguh sarasilahe turune Yusuf, kang kalebu darah Efraim iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

33. Gunggunge saka taler Efraim kang kacathetan iku ana patang puluh ewu limang atus.

34. Kang kalebu darahe Manasye, miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

35. Gunggunge saka taler Manasye kang kacathetan iku ana telung puluh loro ewu rong atus.

36. Mungguh sarasilahe turune Benyamin iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge.

37. Gunggunge saka taler Benyamin kang kacathetan iku ana telung puluh lima ewu patang atus.

38. Mungguh sarasilahe turune Dhan iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

39. Gunggunge saka taler Dhan kang kacathetan iku ana suwidak loro ewu patang atus.

40. Mungguh sarasilahe turune Asyer iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

41. Gunggunge saka taler Asyer kang kacathetan iku ana patang puluh siji ewu limang atus.

42. Mungguh sarasilahe turune Naftali iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge.

43. Gunggunge saka taler Naftali kang kacathetan iku ana seket telu ewu patang atus.

44. Samono mau kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun lan para panggedhene para wong Israel rolas, kang siji-sijine makili talere.

45. Dadi sakehe wong Israel kang kacacahake miturut taler-talere kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang ana ing satengahe wong Israel,

46. gunggunge nem atus telu ewu limang atus seket.

47. Nanging wong-wong kang kalebu turune Lewi, iku anggone kacacahake ora awor karo wong-wong iku,

48. marga Nabi Musa wus kapangandikanan dening Pangeran Yehuwah, mangkene:

49. “Mung taler Lewi iku aja sira catheti lan aja sira etung cacahe bebarengan karo wong Israel,

maca bab lengkap Wilangan 1