Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 1:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. saka taler Gad: Elyasaf bin Rehuel;

15. saka taler Naftali: Ahira bin Enan.”

16. Iku para wong kang pinilih saka antarane para umat iku, siji-sijine dadi pemimpining talere para leluhure, iku padha dadi panggedhene bala Israel.

17. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli nimbali wong-wong kang wus padha kasebut jenenge mau.

18. Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,

19. kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa. Mangkono Nabi Musa anggone nacahake umat ana ing pasamunan Sinai.

20. Mungguh sarasilahe turune Ruben pembarepe Israel iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.

21. Gunggunge saka taler Ruben kang kacathet iku ana patang puluh nem ewu limang atus.

22. Mungguh sarasilahe turune Simeon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur roh puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.

23. Gunggunge kang kacathetan saka taler Simeon ana seket sanga ewu telung atus.

24. Mungguh sarasilahe turune Gad iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

25. Gunggunge kang kacathetan saka taler Gad iku ana patang puluh papat ewu nem atus seket.

26. Mungguh sarasilahe turune Yehuda iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.

maca bab lengkap Wilangan 1