Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 1:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika taun kang kapindho ing sasi kapindho ing tanggal sapisan sawuse padha metu saka ing tanah Mesir, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai ing sajrone Tarub Pasewakan:

2. “Sira nacahna umat Israel kabeh miturut kulawangsane ing sajrone suku-sukune, sakehe wong lanang ing Israel tulisana jenenge siji-sijine,

3. kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.

4. Dene kang dadi kanthinira tumrap saben taler wong siji, minangka pemimpine kulawangsane.

5. Iki jenenge wong-wong kang padha dadi kanthinira: Saka taler Ruben: Elizur bin Syedeur;

6. saka taler Simeon: Selumiel bin Zurisyadai;

7. saka taler Yehuda: Nahason bin Aminadhab;

8. saka taler Isakhar: Netaneel bin Zuar;

9. saka taler Zebulon; Eliab bin Helon;

10. tumrap turune Yusuf, saka taler Efraim: Elisama bin Amihud; lan saka taler Manasye: Gamaliel bin Pedazur;

11. saka taler Benyamin: Abidan bin Gidheoni;

12. saka taler Dhan: Ahiezer bin Amisyadai;

13. saka taler Asyer: Pagiel bin Okhran;

14. saka taler Gad: Elyasaf bin Rehuel;

15. saka taler Naftali: Ahira bin Enan.”

16. Iku para wong kang pinilih saka antarane para umat iku, siji-sijine dadi pemimpining talere para leluhure, iku padha dadi panggedhene bala Israel.

17. Nabi Musa lan Rama Harun tumuli nimbali wong-wong kang wus padha kasebut jenenge mau.

18. Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,

maca bab lengkap Wilangan 1