Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 1:1-15 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika taun kang kapindho ing sasi kapindho ing tanggal sapisan sawuse padha metu saka ing tanah Mesir, Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing pasamunan ing gunung Sinai ing sajrone Tarub Pasewakan:

2. “Sira nacahna umat Israel kabeh miturut kulawangsane ing sajrone suku-sukune, sakehe wong lanang ing Israel tulisana jenenge siji-sijine,

3. kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.

4. Dene kang dadi kanthinira tumrap saben taler wong siji, minangka pemimpine kulawangsane.

5. Iki jenenge wong-wong kang padha dadi kanthinira: Saka taler Ruben: Elizur bin Syedeur;

6. saka taler Simeon: Selumiel bin Zurisyadai;

7. saka taler Yehuda: Nahason bin Aminadhab;

8. saka taler Isakhar: Netaneel bin Zuar;

9. saka taler Zebulon; Eliab bin Helon;

10. tumrap turune Yusuf, saka taler Efraim: Elisama bin Amihud; lan saka taler Manasye: Gamaliel bin Pedazur;

11. saka taler Benyamin: Abidan bin Gidheoni;

12. saka taler Dhan: Ahiezer bin Amisyadai;

13. saka taler Asyer: Pagiel bin Okhran;

14. saka taler Gad: Elyasaf bin Rehuel;

15. saka taler Naftali: Ahira bin Enan.”

maca bab lengkap Wilangan 1