Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 4:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika.”

11. Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.

12. Tedhak-turun panjenengan samia kados tedhakipun Rama Peres, putranipun Rama Yehuda ingkang patutan saking Ibu Tamar, lantaran para putra ingkang badhe kaparingaken Yehuwah dhateng panjenengan patutan kaliyan tiyang estri nem punika!”

13. Boas tumuli ngalap Rut dadi bojone sarta banjur dicedhaki. Sang Yehuwah iya nuli paring kamirahan marang Rut, temah bisa ngandheg sarta duwe anak lanang.

14. Mulane para wong wadon padha ngucap marang Naomi: “Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan, mugi namanipun dadosa misuwur wonten ing Israel.

15. Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.”

16. Naomi banjur nyandhak bayi mau, dipangku sarta digula-wenthah.

17. Lan tangga teparone wadon tumuli padha aweh jeneng marang bayi mau, pangucape: “Naomi wus kaparingan anak lanang.” Bayi mau nuli dijenengake Obed. Yaiku ramane Isai, ramane Sang Prabu Dawud.

maca bab lengkap Rut 4