Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 4 Kitab Sutji (JAV)

Rut dadi bojone Boas

4:1-17

1. Boas wus minggah menyang ing gapura, banjur lenggah ana ing kono. Kabeneran wong kang wajib nebus kang diucapake Boas pinuju liwat. Boas banjur ngaruh-aruhi: “Lah ki sanak, sumangga panjenengan lenggah ing ngriki!” Kang diaruh-aruhi tumuli mara lungguh.

2. Boas banjur ngajak para tetuwaning kutha wong sapuluh, tembunge: “Sumangga, panjenengan sami lenggaha ing ngriki!” Tumuli padha lungguh.

3. Calathune Boas marang kang wajib nebus mau: “Siti tilaranipun sadherek kita Elimelekh punika dipun tawekaken Naomi ingkang mentas mantuk saking tanah Moab.

4. Kula lajeng manah: prayogi ugi bab punika kula aturaken dhateng panjenengan makaten: Sumangga siti punika panjenengan pundhut wonten ing ngarsanipun para sadherek ingkang sami lenggahan punika saha para sesepuhipun bangsa kita. Manawi panjenengan ingkang badhe nebus, sumangga panjenengan tebus; manawi panjenengan boten karsa nebus, sumangga kula panjenengan paringi sumerep, supados kula ngretos, amargi boten wonten ingkang wajib nebus kajawi panjenengan, lan sasampunipun panjenengan: kula.” Pangucape kang ditari: “Inggih kula ingkang badhe nebus.”

5. Nanging Boas calathu maneh: “Siti wau manawi panjenengan pundhut saking tanganipun Naomi, dados Rut tiyang estri Moab, randhanipun ingkang sampun tilar donya kedah panjenengan pundhut, supados nggesangaken malih namanipun ingkang sampun pejah tumrap siti pusakanipun.”

6. Kang wajib nebus banjur calathu: “Manawi makaten kula boten saged nebus, amargi badhe ngrisakaken siti pusaka kula piyambak. Pangajeng-ajeng kula, mugi panjenengan karsa nebus ingkang pancenipun kedah kula tebus, amargi kula boten saged nebus.”

7. Dhek jaman kuna manawa ing tanah Israel ana wong nebus utawa ngliyakake, supaya ndadekna tetepe sadhengah prakara, iku adate mangkene: Wonge nyopot trumpahe lan ditampakake marang lawanane. Mangkono carane wong ngabsahake prakara ana ing Israel.

8. Kang wajib nebus mau banjur kandha marang Boas: “Sumangga panjenengan pundhut kagem panjenengan piyambak.” Lan trumpahe ditinggal.

9. Boas tumuli kandha marang para tetuwane lan marang wong akeh: “Panjenengan sadaya sami dados seksi ing dinten punika, bilih kula numbas samukawis tilaranipun Khilyon kaliyan Makhlon, panumbas kula saking tanganipun Naomi;

10. makaten ugi Rut tiyang Moab, randhanipun Makhlon punika inggih kula pendhet dados semah kula, supados nggesangna malih namanipun ingkang sampun tilar tumrap ing siti pusakanipun. Kalayan makaten namanipun tiyang punika boten sirna saking gelenganing kulawangsanipun saha saking warga kithanipun. Panjenengan sami dadosa seksi ing dinten punika.”

11. Sakehing wong kang ana ing gapura dalah para pinituwa banjur padha ngucap: “Inggih kula sami dados seksi, Sang Yehuwah mugi karsaa ngganjar dhateng tiyang estri ingkang badhe manggen wonten ing dalem panjenengan punika, kadadosna sami kaliyan Rakhel tuwin Lea, ingkang kalih-kalihipun sampun sami mbangun umat Israel, panjenengan dipun santosa wonten ing Efrata saha asma panjenengan misuwura wonten ing Betlehem.

12. Tedhak-turun panjenengan samia kados tedhakipun Rama Peres, putranipun Rama Yehuda ingkang patutan saking Ibu Tamar, lantaran para putra ingkang badhe kaparingaken Yehuwah dhateng panjenengan patutan kaliyan tiyang estri nem punika!”

13. Boas tumuli ngalap Rut dadi bojone sarta banjur dicedhaki. Sang Yehuwah iya nuli paring kamirahan marang Rut, temah bisa ngandheg sarta duwe anak lanang.

14. Mulane para wong wadon padha ngucap marang Naomi: “Pinujia Sang Yehuwah, dene ing dinten punika kanthi legawaning panggalih maringi juru panebus dhateng panjenengan, mugi namanipun dadosa misuwur wonten ing Israel.

15. Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.”

16. Naomi banjur nyandhak bayi mau, dipangku sarta digula-wenthah.

17. Lan tangga teparone wadon tumuli padha aweh jeneng marang bayi mau, pangucape: “Naomi wus kaparingan anak lanang.” Bayi mau nuli dijenengake Obed. Yaiku ramane Isai, ramane Sang Prabu Dawud.

Sarasilahe Sang Prabu Dawud

4:18-22

18. Iki para tedhake Rama Peres, Peres peputra Hezron.

19. Rama Hezron peputra Aminadab,

20. Rama Aminadab peputra Nahason, Rama Nahason peputra Salmon,

21. Rama Salmon peputra Boas, Rama Boas peputra Obed,

22. Rama Obed peputra Isai, lan Rama Isai peputra Sang Prabu Dawud.