Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Rut 2:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Naomi mau duwe sanak saka bojone, kang sugih brewu, panunggalaning kulawangsane Elimelekh, jenenge Boas.

2. Rut wong Moab mau matur marang Naomi: “Kula badhe kesah dhateng ing pategilan, ngasag-asag wewulen wonten ing sawingkingipun tiyang ingkang welas dhateng kula.” Wangsulane Naomi: “Iya mangkata, engger.”

3. Rut banjur mangkat la satekane ing pategalan tumuli ngasag-asag sair ana ing saburine wong kang derep; kabeneran ana ing bumi kang klebu kagungane Boas, panunggalaning kulawangsane Elimelekh.

4. Kabeneran Boas teka saka ing Betlehem. Pangandikane marang kang padha derep: “Pangeran Yehuwah muga nunggila karo kowe.” Wangsulane wong kang padha derep: “Pangeran Yehuwah mugi mberkahana panjenengan.”

5. Boas banjur ngandika marang abdine kang ngulat-ulatake wong kang padha derep: “Wong wadon iku saka ngendi?”

6. Abdi kang mandhori wong derep mangsuli, ature: “Punika tiyang estri bangsa Moab ingkang tumut mantuk kaliyan Naomi saking ing tanah Moab.

7. Kala wau wicantenipun makaten: Kula kelilana ngasag-asag lan nglempakaken sair ing sela-selanipun bentelan-bentelan, ing sawingkingipun tiyang derep. Wiwit dhateng kala wau enjing ngantos dumugi sapunika, terus ibut kemawon, saha sakedhap kemawon boten ngaso.”

8. Boas banjur kandha marang Rut: “Rungokna dhisik, engger! Ora susah kowe ngasag-asag ana ing pategalan liyane, lan ora susah kowe lunga saka kene, nanging tetep cedhaka karo batur-baturku wadon.

9. Delengen bae pategalan kang lagi diderepi wong iku. Ngetutna lakune wong wadon iku ana ing saburine. Amarga aku wus prentah marang batur-batur lanang, aja ana kang ngarubiru kowe. Manawa ngelak, menyanga ing genthong lan ngombea kang wis diangsu dening para batur.”

10. Rut tumuli sujud nyembah raine konjem ing bumi sarta matur: “Margi saking punapa dene kula manggih kawelasan wonten ing ngarsa panjenengan, kok panjenengan ngantos nggatosaken dhateng kula, tiyang sanes bangsa?”

11. Boas mangsuli: “Satemene aku wis diwartani apa sapanggawemu marang maratuwamu ing samatine bojomu; anggonmu ninggal bapa-biyungmu lan tanah kelairanmu, marani bangsa kang ora koktepungi ing maune.

12. Sang Yehuwah muga karsaa paring piwales marang panggawemu iku, muga Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kokungseni ing ayoming swiwine iku karsaa maringi pituwas marang kowe kang satimbang.”

13. Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”

14. Bareng tumeka wayahe wong mangan, Rut tumuli dikandhani dening Boas: “Majua mrene, melua mangan roti lan pulukanmu celupna ing cokak iki.” Rut dadine banjur lungguh ana ing sandhinge para wong derep, lan diulungi emping gandum gorengan dening Boas; anggone mangan nganti wareg, malah ana sisane.

maca bab lengkap Rut 2